Nuwun, Lurah Desa Teluk Awur Bapak Suratna ingkang kula hormati, Bapak lan Ibu masyarakat Dusun Teluk Awur ingkang kula hormati, para pamuda Dusun Teluk ingkang kula hormati lan tresnani. Saderengipun adicara dalu menika kawiwitan, mangga kula lan panjenengan sedaya sami ngunjukaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Maha Mirah lan Maha Asih inggih Allah AWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan wujud kabagas-warasan, karaharjan, kawidadan, saha kamulyan niring sambekala, Amin.
Bapak lan Ibu ingkang kinurmatan. Atur wuninga bilih rantaman adicara ing dalu menika inggih menika: Sepisan : pambuka Kaping kalih : waosan Al Qur’an dening mas … Kaping tiga : paring pangandikan saking ketua panitia Kaping sekawan : paring pangandikan saking Lurah Dusun Teluk Awur Kaping gangsal : acara Inti Kaping nem : donga ingkang dipun pandhegani dening mas … Kaping pitu : paripurna
Mekaten tantaman adicara ing dalu menika.
Adicara kapisan, mangga kula lan panjenengan sedaya bikak kanthi waosan Basmallah rumiyin, Bismillahirrahmanirrohim… Adicara salajengipun inggih menika, waosan ayat suci Alqur’an saking mas ……… Katur panjenenganipun, kasumanggakaken, nuwun.
……………………………….waosan Ayat Suci Alqur’an…..………………. Kangge panjenganipun matur nuwun. Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia, kangge panjenganpun kula sumanggkaken.
Menika pangatur pangandikan saking ketua panitia, matur nuwun. Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia, kangge panjenganpun kula sumanggkaken.
Mekaten pangandikan saking panjenenganipun Lurah, matur nuwun. Adicara salajengipun inggih menika acara inti, katur panjenganipun Bapak ….. kula sumanggakaken.
………………………………………acara inti…………………………………………
Bapak lan ibu ingkang kula hormati, matur nuwun kangge bapak …. Mugi-mugi saged manfaat kangge kula lan penjenengan sedaya. Salajengipun inggih menika, donga. Katur mas …. Kula sumanggakaken.
…………………………………………….donga ………………………………………..
Bapak lan ibu ingkang kinurmatan. Kanthi purnaning donga, ateges adicara maulid nabi sampun paripurna. Kula Taufiqul Khoyr ingkang minangka pranatacara, mbok menawi wonten lepat anggen kula matur kathah lepat saha kirangipun, pramila kula nyuwun agungin samudra pangaksami. Saklajengipun pepanggihan ing dalu menika kula tutup.